Sabtu, 17 Juni 2023

PASRAH BOYONG TEMANTEN KEKALIH ( SAKING KLG MEMPELAI PEREMPUAN )

 

Talanging Basa


Pasrah Boyong Temanten Kekalih ( saking kulawarga mempelai perempuan )

Assalamu'alaikum wr wb 


- Para sesepuh, pinisepuh ingkang dhahat kinabekten

- Panjenengan Bapa Suwanto dalasan Ibu Sumarni ingkang kinurmatan

- Para rawuh Kakung putri ingkang bagya mulya 


Kanti ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah dumateng Alloh SWT, Gusti ingkang maha Agung.

Sowan kula mriki dipun saraya dening panjenenganipun Ibu Marni Lestari ingkang pidalem wonten dk Kadilajo Kecamatan Karangnongko Kabupaten Klaten, kepareng matur:


Sepisan, ngaturaken salam taklim saking Ibu Marni Lestari dumateng Bapa Suwanta sekalian Ibu Sumarni ing dk Cageran RT 25 RW 09 Taskombang Kec Manisrenggo Klaten.


Kaping kalih , Ibu Marni Lestari dalasan kulawarga hanglarapaken, nyowanaken putra temanten , nun ninggih Rara Anna Oktariani Zulaika lan Bagus Widada Dwija Kuncara jangkep sejodho , ingkang sampun kelampahan nindakaken ijab qobul rikala dinten Ahad Pahing, 7 Maret 2021 mapan wonten Kadilajo Kecamatan Karangnongko Kabupaten Klaten kanti pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambikala , pikantuk berkahing Alloh SWT.


Sak lajengipun , ing wekdal punika kula sowanaken putra temanten kekalih .Kula pasrahaken dumateng Bapa Ibu Suwanta, borong panjenengan anggenipun bade anggulawenthah amrih lestari, widada anggenipun jedodoan hambangun bale wisma, mugi dados keluarga sakinah mawadah warahmah pikantuk berkahing Alloh SWT, tansah manggih bagya mulya sak lami-laminipun

Aamiin YRA.


Minangka jangkeping tatakrami , kula kinen hangaturaken sawetawis pisungsung ubarampe minangka tanda talining katresnan.Sanadyan mboten sepintena, mugi sageta nambah raketing kekadangan ing antawisipun kulawarga ibu Marni Lestari kaliyan kulawarga Bapa Suwanta sekalian.


Saklajengipun mbok bilih samangke pahargyan punika sampun purna kula sak rombongan bade Nyuwun pamit.


Ing wasana mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan saha kekirangan , lan anggen kula sowan sak rombongan mboten dadosaken rena ing panggalih panjenengan kula mawantu-wantu nyuwun agunging samudra pangaksami.Nuwun.


Billahittaufiq wal hidayah 


Wassalamu'alaikum wr wb 


Cageran Taskombang, Rabu 10 Maret 2021


Kiswanto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar