Sabtu, 17 Juni 2023

ATUR PANGLAMAR

 

Sulih Salira


Atur Panglamar

Assalamu'alaikum wr wb 


- Para sesepuh - pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan

- Para rawuh Kakung sumawana Putri ingkang kinurmatan 

- Bapa..... dalasan Ibu... ingkang kula hormati 


Sakderengipun kula matur menggah wosing gati ing siang punika, sumangga panjenengan sedaya kula ndherekaken ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dumateng Alloh SWT, awit saking nikmat saha rahmatipun kita sami taksih pinaringan kawilujengan , bagas waras sahingga saget makempal wonten dalemipun Bapa....kanti kebak karaharjan.


Nuhoni keparengipun Bapa... sekalian Ibu... ingkang pidalem wonten ing dk.... wonten ngarsa panjenengan, kula minangka sulih sarira kadhawuhan matur:


Sepisan , silaturrahim saha ngaturaken salam taklim pangabekti saking Bapa... sekalian Ibu.... dalasan sedaya kulawarga, katur dumateng Bapa... sekalian sakkulawarga sinartan memuji mugi panjenengan sagotrah tansah sinartan ing kawilujengan pikantuk berkahing Gusti Alloh SWT.


Kaping kalih , Awit saking panyuwunan putra Kakung ingkang nama Bagus .... anggenipun kayungyun dumateng putra putri ingkang nama Rara..., mila Bapa ... sekalian Ibu..ambabaraken kreteking manah dumateng panjenengan kekalih.


Ingkang punika kabekta saking awrating tiyang sepuh, mbok bilih wonten rena ing panggalih panjenengan sak kulawarga, punapa dene sampun tinakdir dening Alloh SWT dados jodhonipun , Mbak.... dipun suwun dados jatukramanipun Mas... sak lami-laminipun.


Wasana panyuwunipun Bapa .. sekalian kalawau mugi keparenga panjenengan tumunten paring jawaban utawi ananggapi sarta angimbangi anggenipun sumedya bade bebesanan.


Mbok bilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten cicir ceweting atur satemah mboten damel rena ing panggalih kula nyuwun agunging samudra pangaksami.


Billahittaufiq wal hidayah 

Wassalamu'alaikum wr wb 


Klaten, .......



Kiswanto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar